Kiye ceritane nyong mau sore. Redhe saru, tapi aje disensor. Ora pa pa ke.
Sore mau, jam 5 kading umah, aku karo anakku loro sing wadon, lunge aring Pemalang (kota). Nyong pan deposit pulsa (ceritene dodolan pulsa elektrik sih).
Mbarang wis deposit, nyong nawari anakku,
"Mba Mida nyuwun tumbas nopo...?" (temenan nyong nganggo basa kromo sithik-sithik).
Si Mida kuwe anakku nomer loro. Jawabe,
"Mercon, Mi."
Terus, si Tera, adine, (anak mbontot rencanaku, he..hee...) melu njawab.
"Iya, Mi, mercon bae."
Nyong manut. Terus, motor tak jalanne aring ngarepe toko roti mahkota, soale, anane mercon ye nang kana.
Mercon sing disebut anakku kuwe sebenere ye ONDE-ONDE wijen, mung cilik seukuran kayak MERCON BANTINGAN. Mercon bantingan kuwe kayak apa? Ye...mercon sing njeblug-ke angger dibanting. Jaman nyong cilik akeh.
Lha...mbarang tekan nggone, ee...jebule ora dodol. Ye wis ora side tuku.
Tapi, nyong melas, masak ora tuku jajan apa-apa...?!
Akhire, ta' tawani maning bocah-bocah.
"Mercone mboten wonten, Mba Mida, sa'niki pengin nopo...?"
Si Mida meneng karo mikir kayane. Terus njawab,
"Kempol ya Mi ?"
Nyong ora setuju. Kempol...kuwe berarti Mida njaluk ayam goreng kentaki, padahal mau wis maem, nang omah ye isih akeh lawuh.
Dadine nyong ngomongi rah,
"Ampun ayam, sih Mba? Wong Mba Mida maeme kriuk-kriuke thok, be."
Eee....Midane njawab,
"Kempol, Mi, dudu ayam kriuk."
Nyong bingung,
"Kempol ye ayam rah, Mba. Ayam penthungan." (kempol=paha, istilah untuk paha ayam goreng kadang disebut AYAM PENTHUNG).
"Kempol kae, Mi, sing bunder-bunder ijo diparingi klapa diparut."
Nyong mikir...apa, sih...?!
Mbarang iws nyandhak, nyong ngguyu-ngguyu.
Oooo...KLEPON...?!
Ha..haa..haa...Klepon dadine Kempol. Cah-cah...!!!!!!
Akhire, nyong tuku klepon, dudu Mercon, dudu Kempol.

Anggaraini Maulina K hahahahahaha.......angger lontong atawa lemper bocah cilik NGISTILAHNA apa yak.....nyong dadi melu mikir kehhhhh??????Senin pukul 22:24 ·
Iyas Diono ibune sing ora tanggap,. coba ten njaluke karo bapane,.. pasti paham! wong biasa weruh klepon,..Senin pukul 22:34 ·
Muji Burokhman duh dibiasakan pke bhasa kode.....pasti yg nglihat ibunya ngasih kode bahasa ma bapknya ...wkkkkk....meongg...yg berarti saatny "bobok"14 jam yang lalu ·
W Wt Hidayati Hastati Hendriani iya, sempet jengkel, soale kalo ayam goreng selalu gak pernah habis, cuma kulitnya thok, nanti aku terpaksa ngabisisn, jadi makin melar deh.7 jam yang lalu ·
W Wt Hidayati Ida Cholisa Anak-anakku itu ngomongnya selalu aneh-aneh, tapi nature.7 jam yang lalu ·
May Anang Ym nek anak2 pancen isih nature, sik wis kakean dosa kui sing tuwe..bnr pora wiet...qeqeqeqeqe6 jam yang lalu ·
W Wt Hidayati May Anang Ym Ya, setuju. Mba May...no ku 'kan udah ada dihapemu, coba deh sms kirim no mu ke aku, soale ilang tuh.6 jam yang lalu ·

Tidak ada komentar:
Posting Komentar